I Babad 2


2:1 Anak-anaké Yakub sing lanang ana rolas, yakuwi: Rubèn, Siméon, Lèwi, Yéhuda, Isakar, Zébulon,
2:2 Dhan, Yusuf, Bènyamin, Naftali, Gad, Asyèr.
2:3-4 Yéhuda duwé anak lanang lima. Sing lair saka bojoné sing jeneng Bèt-Syua, wong Kenaan, yakuwi: Èr, Onan lan Séla; sing lair saka bojoné, sing jeneng Tamar (anaké mantu Yéhuda dhéwé), yakuwi Pèrès lan Zérah. Èr, anak sing mbarep, uripé ala banget, mulané dipatèni déning Allah.
2:5 Pèrès duwé anak lanang loro: Hézron lan Hamul.
2:6 Zérah duwé anak lanang lima, yakuwi: Zimri, Étan, Héman, Kalkol lan Dhara.
2:7 Akhar *Akhar: Musibah. Ing Yosua 7:1 dipun sebut Akhan.* bin Karmi, turuné Zérah, nekakaké kasangsaran marang umat Israèl, jalaran njupuk barang rampasan perang, sing kasaosaké marang Allah.
2:8 Anaké lanang Étan jenengé Azarya.
2:9 Anak-anaké Hézron yakuwi: Yérahmeèl, Ram lan Kalèb.
2:10 Sarasilahé Ram tekan Isai kuwi mengkéné: Ram, Aminadab, Nahason (klebu wong gedhé ing klompok Yéhuda)
2:11 Salmon Boas
2:12 Obèd Isai.
2:13 Isai duwé anak lanang pitu. Jenengé urut tuwa mengkéné: Éliab, Abinadab, Syama,
2:14 Nétanéèl, Radai,
2:15 Ozèm, Dawud.
2:16 Isai uga duwé anak-anak wadon, yakuwi: Zeruya lan Abigail.
2:17 Abigail kawin karo Yètèr, turuné Ismaèl. Duwé anak lanang siji, jenengé Amasa.
2:18 Kalèb bin Hézron kawin karo Azuba, duwé anak wadon jenengé Yeriot. Yeriot duwé anak lanang telu, yakuwi: Yèsèr, Sobab lan Ardon.
2:19 Bareng Azuba mati, Kalèb nuli kawin karo Éfrat lan olèh anak lanang jenengé Hur.
2:20 Anaké lanang Hur jenengé Uri, lan putuné jenengé Bézaleèl.
2:21 Nalika Hézron umur sewidak taun, kawin karo seduluré wadon Giléad bin Makhir. Duwé anak lanang jenengé Segub,
2:22 anaké lanang Segub jenengé Yair, sing mréntah kutha telulikur ing wilayah Giléad.
2:23 Nanging raja Gésur lan Aram nelukaké kutha sewidak ing wilayah kono, klebu kutha Yair lan Kénat, lan désa-désa ing sakiwa-tengené. Wong kabèh sing manggon ing kono kuwi anak-turuné Makhir lan Giléad.
2:24 Bareng Hézron mati, Kalèb, anaké, kawin karo Éfrat, randhané bapakné. Banjur duwé anak, sing mbarep jenengé Asyur; kuwi sing ngedegaké kutha Tekoa.
2:25 Yérahmeèl, anaké Hézron sing mbarep, duwé anak lanang lima, yakuwi: Ram, pembarep, nuli Buna, Orèn, Ozèm lan Ahia.
2:26-27 Ram duwé anak lanang telu: Maas, Yamin lan Èkèr. Yérahmeèl duwé bojo liyané, jenengé Atara. Olèh anak lanang jenengé Onam.
2:28 Onam duwé anak lanang loro, jenengé: Samai lan Yada. Samai duwé anak lanang loro, jenengé Nadab lan Abisur.
2:29 Abisur kawin karo Abihail, lan duwé anak lanang loro, yakuwi: Akhban lan Molid.
2:30 Nadab kakangné Abisur iya duwé anak lanang loro, jenengé: Sèlèd lan Apaim, nanging Sèlèd mati ora ninggal anak lanang.
2:31 Apaim duwé anak jenengé Yisèi, lan Yisèi duwé anak Sésan. Sésan duwé anak Ahlai.
2:32 Yada, seduluré Samai duwé anak lanang loro, jenengé Yètèr karo Yonatan. Nanging Yètèr mati tanpa ninggal anak lanang.
2:33 Yonatan duwé anak lanang loro, yakuwi: Pèlèt lan Zaza. Kuwi kabèh anak-turuné Yérahmeèl.
2:34 Sésan ora duwé anak lanang, anaké mung wadon-wadon. Sésan duwé batur wong Mesir, jenengé Yarha.
2:35 Yarha mau diolèhaké salah sijiné anaké. Yarha duwé anak lanang, jenengé Atai.
2:36 Anak-turuné Atai tekan Élisama kuwi mengkéné: Atai, Natan, Zabad
2:37 Èflal, Obèd
2:38 Yéhu, Azarya
2:39 Hèlès, Élasa
2:40 Sismai, Salum
2:41 Yekamya, Élisama.
2:42 Kalèb, seduluré Yérahmeèl, duwé anak lanang mbarep, jenengé Mésa. Mésa kuwi nurunaké Zif. Zif nurunaké Marésya, Marésya nurunaké Hébron.
2:43 Hébron duwé anak lanang papat, yakuwi: Korah, Tapuah, Rèkèm lan Séma.
2:44 Séma nurunaké Raham. Putrané Séma jenengé Yorkeam, Rèkèm, seduluré Séma, nurunaké Samai;
2:45 Samai nurunaké Maon, lan Maon nurunaké Bètzur.
2:46 Kalèb duwé selir, jenengé Éfa. Éfa nglairaké anak lanang telu, jenengé Haran, Moza lan Gazès. Haran uga duwé anak lanang sing jeneng Gazès.
2:47 Ana wong jeneng Yohdai, duwé anak lanang nem, yakuwi Règèm, Yotam, Gésan, Pèlèt, Éfa lan Saaf.)
2:48 Kalèb duwé selir liyané menèh, jenengé Maaka. Karo Maaka, Kalèb duwé anak lanang loro: Sèbèr lan Tirhana;
2:49 banjur duwé anak lanang menèh loro, jenengé: Saaf lan Séwa. Saaf kuwi sing ngedegaké kutha Madmana, lan Séwa sing ngedegaké kutha Makbéna lan Gibéa. Kalèb uga duwé anak wadon, jenengé Akhsa.
2:50 Kejaba kuwi Kalèb isih duwé anak-turun mengkéné: Hur kuwi anaké Kalèb karo bojoné sing jeneng Éfrat. Syobal anaké Hur mau sing ngedegaké kutha Kiryat-Yéarim.
2:51 Salma, anaké sing nomer loro, kuwi sing ngedegaké kutha Bètgadèr.
2:52 Syobal, sing ngedegaké kutha Kiryat-Yéarim, kuwi leluhuré wong Haroè, separoné wong-wong sing manggon ing kutha Menuhot,
2:53 sarta gotrah-gotrah sing padha manggon ing Kiryat-Yéarim, yakuwi kaum Yétri, Puti, Sumati lan Misrai. (Wong-wong sing padha manggon ing Èstaol kuwi anak-turuné gotrah-gotrah mau.)
2:54 Salma sing ngedegaké kutha Bètléhèm mau leluhuré wong Netofa, wong Atarot Bètyoab lan wong Zori, salah sijiné gotrah loro sing manggon ing Manahti.
2:55 Ing kutha Yabès ana wong-wong ahli nulis layang-layang penting. Asalé saka gotrah Tirati, Simati lan Sukhati. Kuwi wong-wong Kèni sing kawin karo wong Rékhab.

Leave a comment